Kamis, 23 Januari 2014
sesorah basa jawa
Rawuhipun Wulan Siam
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarokatuh
Bapak/Ibu guru ingkang tansah kula bekteni
Lan rencang-rencang sedaya ingkang tansah kula tresnani
Mangga kita sedaya panjataken puja lan puji syukur kita dhumateng Gusti Alloh SWT amargi sampun ngarsanipun rahmat taufik lan hidayahipun sahingga kita sedaya sagedkumpul wonten mriki mboten wonten rubeda kalis nir ing sambikala.
Sholawat saha salam mangga tansah kita konjuaken dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya tansah pikantok pitedah margi ingkang leres lan tuntunanipun saha mugi-mugi kemawon banjang ing yaumul kiyamah kula saha panjenengan sami tansah dipunaken dados umat saha pandherekipun.
Bapak/Ibu guru ingkang tansah kula bekteni lan rencang-rencang sedaya ingkang tansah kula tresnani, matursuwun sanget kula sampun diparingi kasempetan ngadeg wonten mriki. Kula namung pengen ngemutaken menawi sakedap melih sampun rawuh wulan suci ramadhan, wonten pundhi kita sedaya umat muslim mlampahi ibadah siam lan kudu saged nahan hawa nepsu.
Kalian ngrantos rawuhipin wulan siam romadhon, sumangga kula lan panjenengan sami ngisi wektu ingkang taksih sakedhik kagem tindak tanduk ingkang becik lan jagi sedaya gineman kita utamanipun gineman kang ala lan mboten becik salah satunggalipun rasan-rasan.
Mekaten kalawau ingkang saged kula aturaken mbok bilih wonten tuna dung kaping lan tata basa ingkang mboten mranani panggalig Bapak/Ibu guru lan rencang-rencang sedaya mawon, kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.
Akhiru kalam wabillahi taufik walhidayah wassalamualaikum warahmatullahi wabarokatuh.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar